MATERI TEMBANG KINANTHI XII semester 1






WEDHATAMA


Prawacana.
Para leluhur Jawi rikala semanten menawi badhe paring piwucal dhumateng putra wayah, makaten dereng  ngginakaken cara ingkang mathis/sistematis, menawi sak mangke katelah metode belajar mengajar kados ingkang sampun kawentar wonten ing pamucalan utawi sekolah, hananging lumantar lelagon dolanan, upaminipun Cublak-cublak suweng, Jamuran, Bang-bang tut, lan sak panunggalanipun. Ugi wonten ingkang lumantar tembang, sae punika wonten ing Sekar ageng, sekar tengahan, punapa dene sekar mocopat.
Ingkang badhe kula aturaken ing mangke piwucal luhur saking Sawargi Sri Mangkunagoro ingkang kaping IV tumuju para putra wayah Krabat Mangkunegaran, hananging amargi rinaos migunani dhumateng sok sintena kemawon, wasana sak lajengipun Wedhatama kala wau lajeng misuwur ngantos sak njawining Pura Mangkunegaran, malah-malah ngantos dumugi ing manca nagari, upaminipun wonten para mahasiswa saking Amerika, Australia ingkang ugi nyinau babagan Wedhatama punika.

Werdinipun wedhatama.
v  Wedha punika ngelmu, piwucal, pangertosan, ajaran, dene tama punika sae, utami, luhur. Dados Wedhatama makaten ngelmu utami ing babagan kajiwan tumrap sadhengah tiyang tumuju watak utami.
v  Wedhatama punika minangka karya sastra jawi modern mawi tembang macapat ingkang isi piwucal luhur babagan budi pekertining manungsa.
v  Wedhatama pinangka panuntun menggah kados pundi manungsa punika hanggenipun mranata gesangipun supados saged hanetepi darmaning agesang.
v  R. Tanoyo ngendika bilih Wedhatama punika tegesipun “pepathokaning putra”. Liripun Wedha punika pepakem, paugeran, saking tembung Wet (basa Walandi), dene tama punika luwih, saking tembung wancahan utama. Werdi sanesipun tama punika anak, saking wewenganing sastra Kama.

Ingkang nganggit.
v  Wonten ingkang mastani bilih Wedhatama punika anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita, bab punika adhedhasar kanyatan bilih basanipun gampil dipun mangertosi kados dene ciri utawi tandha-tandha seratanipun R. Ng. Ranggawarsita.
v  Wonten malih ingkang ngandikakaken bilih Wedhatama punika anggitanipun R.M. Ng. Wiryakusumo, mantri langenpraja Mangkunegaran, awit babagan punika wonten sesambetanipun kaliyan karya-karyanipun Ng. Wiryokusumo kadosta; Serat Tembang Prana, Serat Panitisastra, ingkang panyeratipun meh sami kaliyan Wedhatama.
v  Wonten malih ingkang ngendikakaken bilih Wedhatama punika anggitanipun prayagung tiga, inggih punika;  F. Winters, R. Ng. Ronggowarsito, saha Sri Mangkunegoro IV. Bab punika adhedhasar bilih tetiganipun minangka mitra raket, pramila Wed punika saking asma Winter, Ta punika Ranggawarsito, Ma punika Mangkunegoro.
v  Nanging sak yektosipun Wedhatama punika anggitanipun KGPAA Mangkunegoro IV, buktinipun;
1.         Buku serat Piwulang Warni-warni anggitanipun KGPAA Sri Mangkunegoro IV ngemot Wedhatama.
2.         Buku Kalempakan serat-serat anggitanipun KGPAA Sri Mangkunegoro IV wonten ing jilid III ugi ngemot Wedhatama.
3.         KGPAA Sri Mangkunegoro IV dipun mangertosi ngakathah prayagung ingkang mumpuni ing puja sastra, ugi nganggit karya sastra sanesipun, upaminipun; Tripama, Pariwara, Yogatama, Salokatama lsp.
4.         Trah Mangkunegoro dalasan para warga masyarakat umumipun ngantos sak priki tetep ngakeni bilih Wedhatama punika anggitanipun KGPAA Sri Mangkunegoro IV.

Gunggungipun Pupuh.
v  Wedhatama naskah  wiwitan ingkang asli ing Kapustakan Pura Mangkunegaran (REKSA PUSTAKA) punika gunggungipun 100 pada (bait) inggih punika; Pangkur 14 pada(pada 1-14), Sinom 18 (15-32), Pocung 15 (33-47), Gambuh 35 (48-82), lan Kinanthi 18 pada(83-100).
v  Dene Wedhatama  terjemahan ing Kapustakan Pusat Jakarta kapendhet saking asil judhul Sripsi sedherek Drs. S.Z. Hadisutjipto Fakultas Sastra Universitas Indonesia tahun 1969, mratelakaken bilih Wedhatama punika gunggungipun 72 pada, inggih punika; Pangkur 14, Sinom 18, Pocung 15, lan Gambuh 25. Dene Tembang Kinanthi mboten wonten.

Versi-versinipun Wedhatama.
Menawi para miarsa badhe maos Wedhatama. punika ingkang nyerat kathah pramila ing mangkenipun sok wonten bentenipun. Ing ngandhap punuika badhe kula aturaken buku-buku ingkang ngewrat Wedhatama.
1.            Wedhatama kang Piningit, tedhakan saking sana pustaka Karaton Surakarta Hadiningrat.
2.            Wedhatama wonten ing serat Kramaleya; koleksi kapustakan Museum Sana Budaya Ngajogdjakarta.
3.            Wedhatama wonten ing serat Wirid  Wedhabrata, koleksi kapustakan Pura Pakualaman Ngajogdjakarta.
4.            Wedhatama wonten ing serat kempalan Suluk Dewaruci, koleksi kapustakan Museum Sana Budaya Ngajogdjakarta.
5.            Kalempakan serat-serat anggitanipun Dalem KGPAA Mangkunegoro IV, wedalan Java Institut Noordhof Kolf, 1953.
6.            Wedhatama winardi. anggitanipun Soedjonoredjo, wedalan Tan Khoen Swie, Kediri, 1963.
7.            Mendekati isi Wedhatama dengan bahasa Indonesia, anggitanipun Suyadi Pratomo, Majalah Sastra dan Budaya 1959.
8.            Wedhatama Kawedhar, anggitanipun Sutjipto Brotoatmojo, terbitan PT. GRIP Surabaya, 1963.
9.            Wedhatama Jinarwa, anggitanipun R. Tanoyo, wedalan Pelajar, Surakarta 1970.
10.        Wedhatama, Yayasan Mangadeg, Surakarta, 1970.
11.        Menyingkap serat Wedhatama, anggitanipun Anjar Any, wedalan Aneka Ilmu, Semarang, 1983.
12.        Wedhatama winardi, wedalan PT. Citra Jaya, Surabaya, 1985.
13.        Wedhatama, anggitanipun RM Suwandi Mardika, Yogjakarta, 1987.
Bentenipun ukara wonten ing Wedhatama.

Wonten ing Tembang Pangkur punika bentenipun badhe kula andharaken.
No.
Naskah Sumber
Jml. pada
Ukaranipun.
1.
Kalempakan serat-serat KGPAA Mangkunegoro IV
100
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba-sinukarta
Mrih krekarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageming Aji
2.
Koleksi Kapustakan Sanabudaya Yogyakarta No. 5B.48
100
Mungkar mungkure angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih krekarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageming Aji
3.
Bundel Kramaleya
72
Mingkar mingkuring mungkara
Akaranya karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih krekarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageming Aji.
4.
Suluk Dewaruci
72
Mingkar mingkuring angkara
Ukara kang karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinungar sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageming Aji
5
Wedhatama Jinarwa
100
Mingkar mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih krekarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawi (?)
Agama ageming Aji.
Lsp.

Isinipun Wedhatama.
Jumbuh kaliyan irah-irahanipun, Wedhatama mengku werdi “ngelmu ingkang utami” pramila Wedhatama pinangka paugeran piwulang utawi ingkang saged dipun ringkes wonten ing 6 perangan, inggih punika;
1.         Wigati sanget tumrap saben tiyang hanggenipun ngupadi ngelmu lahir batin, supados gesang  lan penggesanganipun ing ndonya dumugi ndelahan nglampahi leres lan kaleresan.
2.         Pangulahing jiwa hanggenipun nindakaken piwucal agami anut panuntuning para nimpuna.
3.         Ngelmu ingkang leres makaten mboten kedah lahir saking kedaling para sepuh punapa dene para mudha. Sok sintena kemawon sauger pikantuk nugrahaning sih saking  Gusti Ingkang Maha Agung tartamtu saged dados sumbering ngelmu.
4.         Sok sintena kemawon ingkang  nggegulang ing Agami kedah ngamalaken sedaya pangandikanipun, dados mboten namung wicanten, perkataan, nanging ugi pakartinipun. (Jarkoni).
5.         Sok sintena kemawon ingkang badhe hangregem ngelmu, kedah linambaran meper hardaning, sinartan raos tawakal, pasrah sumarah ing ngarsanipun Gusti.
6.         Peparing sih nugrahaning Gusti, kedah dipun timbangi sarana sucining batin, nebihaken watak angkara, tekun ngibadah utawi panyembahipun, ingkang dipun perang dados sekawan, inggih punika; sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, dalasan sembah rasa.
        Sembah raga punika sembah anuting badan wadhag miturut wewatoning pangudi kawruh kasunyatan, menawi anut satataning panembah agami Islam winastan sembahyang gangsal wanci, sucinipun sarana tirta. Mbiyasakaken semadi maladi hening ngluhuraken asmanipun Gusti, sarana migunakaken panca indriya.
        Sembah cipta punika anuting pangangen-angen kaliyan raos-pangraos miturut wewatoning pangudi kawruh kasunyatan, ngluluh diri meper hardaning kanepson, nyirnakaken nafsu amarah, aluamah, sufiah, tansah eling purwaning dumadi, sesuci batin, manunggaling cipta, lan karsanipun, tansah eling lawan waspada.
        Sembah jiwa punika anuting jiwa anut wewatoning Gusti Ingkang Maha Agung, sarananipun suci lan waspada ing batin, kedah tansah eling paraning dumadi ing alam kelanggengan. Lahir trusing batin tansah pasrah sumarah mring ngarsanipun Gusti, nindakaken sedaya dhawuh lan nebihi sedaya pepacuh/awisanipun. Katindakaken ing saben wanci, kanthi raos eneng lan ening. Patrapipun ngeningaken panca indriya, nutupi babahan hawa sanga, sedhakep saluku juga, mawas pucuking grana, hamung sajuga kang sinidikara muhung nugrahaning Hyang Widhi. Menawi sampun saged nglampahi sembah jiwa ngantos saged ngraosaken layap liyeping ngaluyup. Bab punika kados sinerat wonten ing Pupuh Pangkur pada 13; Tan samar pamoring sukma, sinukmaya winahya ing ngasepi, sinimpen ing telenging kalbu, pambukaning warana, tarlen saking liyep-layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.
        Sembah rasa punika anuting raos kajumbuhaken kaliyan raosing Gusti, pinangka pambudidaya supados manungsa saged ngraosaken hakekatipun gesang. Raos makaten mboten saged dipun tingali sarana netra, kajawi lumantar sarana netra batin/mata hati, bilih piyambakipun sampun mangertosi “aku iki urip” kepiya kudune aku iki urip ing ngalam ndonya iki. Sedaya ingkang gumelar ing jagad punika namung kanyatan/kenyataan. Bener iku durung tentu pener. Rasaning gesang punika manunggal kaliyan wujud, inggih punika pribadi. Wontenipun wujud tartamtu wonten ingkang ngawujudkaken. Wong iku urip marga ana sing peparing urip. Sadhengah tiyang kedah hanggadhahi rasa lan pangipun rasa ingkang winastan pangrasa.
Piwucal ing nginggil saged karingkes malih dados kalih, inggih punika;
  1. Piwucal tumrap para mudha.
  2. Piwucal tumrap para werdha.
ad. 1. Tumrap para Mudha.
v  Dipun prayogekaken supados para mudha sinau ing babagan tata krami, sopan santun sarta mangertosi sumber ngelmu ingkang leres.
v  Sampun ngantos hanggadhahi watak sesongaran dupeh hanggadhahi kaluwihan, jer sedaya kala wau mboten saged pinangka piyandel, ugi sampun ngantos ssapa sira sapa ingsun dupeh kalebet krabat panguwaos/pemimpin.
v  Kedah milih saha nglimbang sedaya piwucal ingkang jumbuh kaliyan diri pribadinipun/menyaring. Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.
v  Gesang wonten ing bebrayan makaten langkung kajen keringan menawi hanggadhahi TriSarana, inggih punika: harta, wirya, tri winasis. Lamun tiyang punika tinilar tigang prekawis punika paribasanipun isih aji godhong jati aking.
ad. 2. Tumrap para werdha.
v  Wedhatama pinangka piwucal dhumateng putra wayah.
v  Satunggaling cara/sarana kangge ngyakinaken ngelmu ingkang leres/hakekat kebenaran.
v  Medharaken dununging panembah ingkang dipun perang dados sekawan, inggih punika; sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, lan sembah rasa.
v  Sanadyan ta sampun tuwa pikun, hananging menawi mboten saged ngraosaken sejatining rasa,  tiyang sepuh kala wau tansah sepi ing pangertosan lan raos-pangraos, pepindhanipun ampas tebu, mboten wonten raosipun, jiwanipun kosong, namung wonten pangangen-angen lan hawa nafsu kemawon, dipun wastani tuwa-tuwas.

Wedhatama Jinarwa.
TEMBANG KINANTHI
Kamus alit
83
Mangka
Kanthining
tumuwuh,
Salami
mung awas eling,
Eling
lukitaning alam=candraning/gambaraning alam
Dadi
wiryaning =mulya/luhurs
dumadi,
Supadi
nir ing
sangsaya,
Yeku
pangreksaning =njaga
urip.
Minangka bebaren
Kangge sesarengan ing pagesangan. Sanguning gesang punika kedah salaminipun waspada saha kemutan. Kemutan dhateng pratandha ingkang wonten ing ndonya. Dados tandha panguwaosing/kaluhuraning Gusti. Supados boten rekaos. Inggih menika pangreksaning gesang.




84
Marma
den
taberi =sregep,ajeg
kulup,
Anglung(angulah)
Lantiping
 ati,
Rina
wengi
den anedya,
Pandak panduking =bisa, tumindake pakaryan
pambudi,
Bengkas
kahardaning
driya,
Supaya
dadya
utami.`
Mula kang sregep ngger,  angulah landheping ati, awan wengi nduwea kekarepan/panyuwunan,ngulah laku lan mbudidaya mbrastha pepenginan/kekarepan ati/awak, saupaya dadi wong utama.
Dados lare punika kedah sregep kalian sinau ngasah manah, dipunkathahi pambudidaya tanpa kendhat, siyang dumugi dalu, ingkang dipunsinau saged mlebet ing sanubari. Satemah saged musnahaken nafsunipun supados dados manungsa ingkang utami

Sira dak kandhani ngger ngulahna landheping ati. Awan bengi nduwea panyuwunan . ngulah alku lan ngupaya nyegah kekarepane awak supaya dadi wong utama
85
Pangasahe
sepi samun,
Aywa
esah =ngasah,sambat
ing salami,
Samangsa
wis kawistara,
Lalandhepe
mingis mingis,
Pasah
wukir
reksamuka,
Kekes
srabedaning =pepenginan kang ala
budi.
Angone nglandhepake kanthi cara ing papan ingkang sepi sanget
Anggenipun

Lakune ana papan kang sepi bangetsupaya hasil sateruse/landhep,nalika wis katon. Landhep banget . ngelus pikir njaga kekarepan. Adhem bisa mbedake polahing awak.
86
Dene awas tegesipun,
Weruh
warananing =aling-aling
urip,
Miwah
wisesaning =wenang,panguwasa
tunggal,
Kang atunggil
rina wengi,
Kang
mukitan ing (nggambar)nyawijekake
sakarsa,
Gumelar ngalam
sakalir.
Dene awas tegesipun pirsa kahananing gesang lan mangertos sedaya ingkang maha tungal ingkang naywiji siyang lan dalu lan ingkang ndamelaken sedaya panyuwunan kahananing alam.










Mukitun=ngemot, nyrambahi
87
Aywa
sembrana
ing kalbu,
Wawasen
wuwus sireki,
Ing kono
yekti
karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma
den sembadeng
sedya,
Wewesen =wewes-peksa
praptaning uwis.


88
Sirnakna
semanging =kuwatir,gojag-gajeg
kalbu,
Den waspada
ing pangeksi,
Yeku
dalaning kasidan,
Sinuda saka sethithik,
Pamothahing=njaluk, kekarepan
 nafsu hawa,
Linalatih mamrih titih.


89
Aywa
mematuh
nalutuh,
Tanpa tuwas
tanpa kasil,
Kasalibuk =mayokake dhuwit/barang palsu
ing srabeda,=kekarepan kang ala
Marma dipunngati-ati,
Urip
keh rencananira,
Sambekala den kaliling.


90
Umpamane wong lumaku,
Marga
gawat den liwati,
Lamun
kurang ing pangarah,
Sayekti
karendhet ing ri.
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas
anemahi.


91
Lumrah bae
yen kadyeku,
Atetamba yen wus bucik,
Duweya kawruh sabodhag,
Yen tan
nartani =sarta=nyartani
ing kapti,
Dadi kawruhe
kinarya,
Ngupaya
kasil
lan melik.




Bodhag=tenggok gedhe wadhah beras

92
Meloke yen arsa muluk,
Muluk
Ujare
lir wali,
Wola wali
nora nyata,
Anggepe
pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,
Kabeh tandha tandha sepi.


93
Kawruhe mung ana wuwus,
Wuwuse gumaib gaib,
Kasliring thithik tan kena,
Mancereng alise gathik,
Apa pandhita
antiga,
Kang mangkono iku kaki,


94
Mangka ta kang aran laku,
Lakune ngelmu sejati,
Tan
dahwen
pati openan,
Tan panasten
Nora
jail,
Tan njurungi
ing kahardan,
Amung eneng mamrih ening.


95
Kaunanging
budi luhung,
Bangkit
ajur ajer kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
Thukul
wijining utami,
Nadyan
bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani.


96
Tur kang nyulayani iku,
Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori,
Mung ngenaki
tyasing liyan,
Aywa
esak =serik atine
aywa serik.


97
Yeku
ilapating wahyu,=ngalamat bakal kelakon
Yen
Yuwana
ing salami,
Marga wimbuh ing nugraha,
Saking
Heb=eyub=pangayomaning
Kang mahasuci,
Cinancang
pucuking cipta,
Nora ucul ucul kaki.


98
Mangkono ingkang
tinamtu,
Tampa nugrahaning Widhi,
Marma ta kulup den bisa,
Mbusuki =ora ngerti apa-apa
ujaring
janmi,
Pakoleh
lair batinnya,
Iyeku
budi premati.


99
Pantes
tinulat
tinurut,
Laladane =wewengkon, solah tingkah.
mrih utami,
Utama
kembanging mulya,
Kamulyaning jiwa dhiri,
Ora ta yen
ngeplekana,
Lir
leluhur nguni-uni.


100
Ananging ta kudu kudu,
Sakadarira
pribadi,
Aywa
tinggal
tutuladan,
Lamun tan mangkono kaki,
Yekti
tuna ing tumitah,
Poma
kaestokna kaki.





TEMBANG KINANTHI
83
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
8u
8i
8a
8
i
8a
8i
Padahal bekal hidup,
selamanya waspada dan ingat,
Ingat akan pertanda yang ada
di alam ini,
Menjadi kekuatannya asal-usul, supaya lepas dari sengsara.
Begitulah memelihara hidup.
84
Marma den taberi kulup,
Anglung lantiping ati,(angulah)
Rina wengi den anedya,
Pandak panduking pambudi,
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami.`
8u
7i
8a
8i
8a
8i
Maka rajinlah anak-anakku,
Belajar menajamkan hati,
Siang malam berusaha,
merasuk ke dalam sanubari,
melenyapkan nafsu pribadi,
Agar menjadi (manusia) utama.
85
Pangasahe sepi samun,
Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Lalandhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Mengasahnya di alam sepi (semedi),
Jangan berhenti selamanya,
Apabila sudah kelihatan,
tajamnya luar biasa,
mampu mengiris gunung penghalang,
Lenyap semua penghalang budi.
86
Dene awas tegesipun,
Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sakarsa,
Gumelar ngalam sakalir.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Awas itu artinya,
tahu penghalang kehidupan,
serta kekuasaan yang tunggal,
yang bersatu siang malam,
Yang mengabulkan segala kehendak,
terhampar alam semesta.
87
Aywa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Hati jangan lengah,
Waspadailah kata-katamu,
Di situ tentu terasa,
bukan ucapan pribadi,
Maka tanggungjawablah,  perhatikan semuanya sampai  tuntas.
88
Sirnakna semanging kalbu,
Den waspada ing pangeksi,
Yeku dalaning kasidan,
Sinuda saka sethithik,
Pamothahing nafsu hawa,
Linalantih mamrih titih.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Sirnakan keraguan hati,
waspadalah terhadap pandanganmu,
Itulah caranya berhasil,
Kurangilah sedikit demi sedikit godaan hawa nafsu,
Latihlah agar terlatih.
89
Aywa mematuh nalutuh,
Tanpa tuwas tanpa kasil,
Kasalibuk ing srabeda,
Marma dipunngati-ati,
Urip keh rencananira,
Sambekala den kaliling.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Jangan terbiasa berbuat aib,
Tiada guna tiada hasil,
terjerat oleh aral,
Maka berhati-hatilah,
Hidup ini banyak rintangan,
Godaan harus dicermati.
90
Umpamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri.
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Seumpama orang berjalan,
Jalan berbahaya dilalui,
Apabila kurang perhitungan,
Tentulah tertusuk duri,
celakanya terantuk batu,
Akhirnya penuh luka.
91
Lumrah bae yen kadyeku,
Atetamba yen wus bucik,
Duweya kawruh sabodhag,
Yen tan nartani ing kapti,
Dadi kawruhe kinarya,
Ngupaya kasil lan melik.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Lumrahnya jika seperti itu,
Berobat setelah terluka,
Biarpun punya ilmu segudang,
bila tak sesuai tujuannya,
ilmunya hanya dipakai mencari nafkah dan pamrih.
92
Meloke yen arsa muluk,
Muluk ujare lir wali,
Wola wali nora nyata,
Anggepe pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,
Kabeh tandha tandha sepi.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Baru kelihatan jika keinginannya muluk-muluk,
Muluk-muluk bicaranya seperti wali,
Berkali-kali tak terbukti,
merasa diri pandita istimewa,
Kelebihannya tak ada,
Semua bukti sepi.
93
Kawruhe mung ana wuwus,
Wuwuse gumaib gaib,
Kasliring thithik tan kena,
Mancereng alise gathik,
Apa pandhita antiga,
Kang mangkono iku kaki,
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Ilmunya sebatas mulut,
Kata-katanya di gaib-gaibkan,
Dibantah sedikit saja tidak mau, mata membelalak alisnya menjadi satu,
Apakah yang seperti itu  pandita palsu,..anakku ?
94
Mangka ta kang aran laku,
Lakune ngelmu sejati,
Tan dahwen pati openan,
Tan panasten nora jail,
Tan njurungi ing kahardan,
Amung eneng mamrih ening.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Padahal yang disebut “laku”,
sarat menjalankan ilmu sejati tidak suka omong kosong dan tidak suka memanfaatkan hal-hal sepele yang bukan haknya,
Tidak iri hati dan jail,
Tidak melampiaskan hawa nafsu. Sebaliknya, bersikap tenang agar menggapai keheningan jiwa.
95
Kaunanging budi luhung,
Bangkit ajur ajer kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
Thukul wijining utami,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Luhurnya budipekerti,
pandai beradaptasi, anakku !
Demikian itulah awal mula,
tumbuhnya benih keutamaan,
Walaupun benar ilmumu,
bila ada yang mempersoalkan..
96
Tur kang nyulayani iku,
Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori,
Mung ngenaki tyasing liyan,
Aywa esak aywa serik.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Walau orang yang mempersoalkan itu, sudah diketahui ilmunya dangkal,
tetapi secara lahir kita mengalah,
berkesanlah persuasif,
sekedar menggembirakan hati orang lain.
Jangan sakit hati dan dendam.
97
Yeku ilapating wahyu,
Yen yuwana ing salami,
Marga wimbuh ing nugraha,
Saking heb Kang mahasuci,
Cinancang pucuking cipta,
Nora ucul ucul kaki.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Begitulah sarat turunnya wahyu,
Bila teguh selamanya,
dapat bertambah anugrahnya,
dari sabda Tuhan Mahasuci,
terikat di ujung cipta,
tiada terlepas-lepas anakku.
98
Mangkono ingkang tinamtu,
Tampa nugrahaning Widhi,
Marma ta kulup den bisa,
Mbusuki ujaring janmi,
Pakoleh lair batinnya,
Iyeku budi premati.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Begitulah yang digariskan,
Untuk mendapat anugrah Tuhan.
Maka dari itu anakku,
sebisanya, kalian pura-pura menjadi orang bodoh terhadap perkataan orang lain,
nyaman lahir batinnya,
yakni budi yang baik.
99
Pantes tinulat tinurut,
Laladane mrih utami,
Utama kembanging mulya,
Kamulyaning jiwa dhiri,
Ora ta yen ngeplekana,
Lir leluhur nguni-uni.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Pantas menjadi suri tauladan yang ditiru,
Wahana agar hidup mulia,
kemuliaan jiwa raga.
Walaupun tidak persis, seperti nenek moyang dahulu.
100
Ananging ta kudu kudu,
Sakadarira pribadi,
Aywa tinggal tutuladan,
Lamun tan mangkono kaki,
Yekti tuna ing tumitah,
Poma kaestokna kaki.
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Tetapi harus giat berupaya, sesuai kemampuan diri,
Jangan melupakan suri tauladan,
Bila tak berbuat demikian itu anakku,
pasti merugi sebagai manusia.
Maka lakukanlah anakku !



Pupuh V

Kinanthi


1.
"Mangka kanthining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wêdi wiryaning dumadi, supadi nir ing sangsaya, yeku pangrêksaning urip."

Oleh karenanya sebagai pegangan hidup, selamanya haruslah Awas dan Ingat, Ingat pada sabda alam (hukum alam – Hukum Sebab Akibat), takut kepada kemuliaan makhluk hidup (maksudnya menghargai Ke-Illahi-an yang ada didalam badan seluruh makhluk hidup), agar jauh dari segala penderitaan, itulah cara untuk menjalani hidup.


2.
"Marma den tabêri kulup, angulah lantiping ati, rina wêngi den anêdya, pandak-panduking pambudi, bêngkas kahardaning driya, supadya dadya utami."

Oleh karenanya rajin-rajinlah anakku, mengolah tajamnya hati (kesadaran), siang dan malam berusaha, mampu menambah/meningkatkan kesadaran, menyingkirkan kekotoran batin, agar menjadi utama.


3.
"Pangasahe sêpi samun, aywa êsah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhêpe mingis-mingis, pasah wukir Rêksamuka, kêkês srabedaning budi."

Pengasahnya adalah kondisi hening, jangan sampai tergoyahan selamanya, jika sudah berhasil akan terlihat, tajamnya tiada tara, mampu menghancurkan Gunung Reksamuka (Sebuah Gunung yang didaki oleh Bhima Suci dalam mencari Kesejatian, bisa juga diartikan ; Gunung – Sebuah penghalang/perintang, Reksa – Memfokuskan diri pada, Muka – Wajah. Sebuah penghalang untuk memfokuskan kesadaran dalam mengamati diri sendiri/wajah sendiri/ego sendiri : Damar Shashangka), akan menyerah kalah segala penghalang kesadaran murni.


4.
"Dene awas têgêsipun, wêruh warananing Urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wêngi, kang mukitan ing sakarsa, gumêlar ngalam sakalir."

Dan yang dimaksud Awas, tahu akan penghalang/hijab/illusi yang menghalangi kesejatian Hidup, serta tahu akan penghalang/hijab/illusi dari yang Mempunyai Kewenangan Tunggal, yang sesunguhnya Tunggal siang dan malam (dengan diri kita), yang berkehendak tiada batas, yang melingkupi diseluruh penjuru alam semesta.


5.
"Aywa sêmbrana ing kalbu, wawasên wuwus sireki, ing kono yêkti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sêmbadeng sêdya, wêwêsên praptaning uwis."

Jangan ceroboh dalam bersikap, hati-hatilah dalam berbicara, nyata disana akan terasa, bukan ucapan pribadi, oleh karenanya harus benar-benar memegang niat yang kuat, peganglah hingga sampai pada tujuan (Kesejatian Purna)


6.
"Sirnakna sêmanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka sathithik, pamothahing napsu hawa, linalantih mamrih titih."

Hilanghkan segala keragu-raguan, waspadakan penglihatan kesadaranmu, itulah jalan kesempurnaan, kurangilah segalanya sedikit demi sedikit, segala keinginan nafsu angkara, latihlah kesadaranmu pelan-pelah hingga mahir.


7.
"Aywa mamatuh nalutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rêncananira, sambekala den kaliling."

Jangan terus dirundung ketidak puasan diri, tiada akhir dan tak ada hasil sikap demikian itu, jelas telah terkena penghalang batin, oleh karenanya harus hati-hati, dalam hidup penuh godaan, segala penghalang waspadakanlah benar-benar.


8.
"Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayêkti karêndhêt ing ri, apêse kasandhung padhas, babak bundhas anêmahi."

Diumpamakan manusia yang tengah berjalan, melewati jalan yang sangat berbahaya, jika kurang kehati-hatiannya, pastilah tersayat duri, lebih parah terantuk batu padas yang tajam, babak belur pada akhirnya.


9.
"Lumrah bae yen kadyeku, atêtamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodhag, yen ta nartani ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik."

Lumrahnya jika sudah seperti itu, baru mencari obat jika sudah terluka parah, ingatlah walau memiliki pengetahuan sebanyak apapun, jika tidak bisa memahami, maka segala pengetahuannya hanya dibuat, untuk mencari keuntungan dan pamrih semata.


10.
"Mêloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggêpe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sêpi."

Keajaibannya hanya jika berbicara semata, berbicara bagai seorang wali, berkali-kali tak terbukti ucapannya, menganggap dirinya seorang pandhita yang sudah sempurna, padahal tak ada kelebihan apapun dalam dirinya, sepi dari segala tanda-tanda keutamaan.


11.
"Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib gaib, kasliring thithik tan kêna, mancêrêng alise gathik, apa pandhita antiga, kang mangkono iku kaki."

Pengetahuannya hanya ada didalam ucapan belaka, ucapannya sok gaib, diprotes sedikit tidak mau, raut mukanya akan keruh dan alisnya akan menyatu (marah/tersinggung), apakah pantas disebut pandhita yang mempunyai benih keutamaan, manusia yang sedemikian itu oh anakku?


12.
"Mangka ta kang aran laku, lakune Ngelmu Sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung ênêng mamrih êning."

Padahal yang dinamakan laku, laku dari Ilmu Sejati, tak suka mencela dan tak suka mencampuri urusan orang lain, tidak gampang marah dan jahil, tidak mendorong orang untuk melakukan keburukan, hanya tenang agar hening.


13.
"Kaunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bênêr kawruhira, yen ana kang nyulayani."

Dengan sikap seperti itu (Tenang agar Hening), akan bangkit kesadaran untuk menghargai sesama, dan disana adalah tempat, bertumbuhnya benih keutamaan, walaupun benar pemahamannya, jika ada yang membantah.


14.
"Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nêmpil, nanging laire angalah, katingala angêmori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa êsak aywa sêrik."

Dan yang membantah tersebut, hanya sekedar tahu dari kata orang (belum membuktikan sendiri dalam sebuah pendakian spiritual), maka orang yang sadar harus mengalah, tetap bergaullah, hanya untuk sekedar menyenangkan hati orang lain, jangan mendendam jangan membenci.


15.
"Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking Hêb Kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki."

Begitulah cara memelihara wahyu (kesadaran diri), jika bisa teguh selamanya, adalah jalan untuk mendapatkan tambahan anugerah, dari Kasih Yang Maha Suci, ikatlah diatas puncak kesadaranmu, jangan sampai terlepas lagi.


16.
"Mangkono ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widdhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi prêmati."

Begitulah manusia yang ditentukan, mendapat anugerah Hyang Widdhi, oleh karenanya anakku seyogyanya, bersikap mengalahlah kepada sesama, hasilnya untuk lahir dan batinmu, adalah kesadaran yang stabil.


17.
"Pantês tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kêmbanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora yen ta ngêplêkana, lir leluhur nguni-uni."
Pantes kalamun digugu lan ditiru ing mengkone murih dadi wong utama, jalaran kautaman iku dadi kembanging kamulyan tumrap jiwa apa dene dhiri pribadi senadyanto ora bisa padha persis (plek) kaya dene kautaman sing ditindakake para leluhur ing nguni.

18.
"Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki."
Ananging sliramu kudu mbudidaya anut sak kuwate diri pribadi, aja ninggal tuladha laku utama jalaran kalamun singlar saka kautaman oh anakku yekti rugi anggone tumitah ana ngalam ndonya mula saka iku poma-poma padha tindakna pituturku iki.
(Tamat)


Komentar